Jumat, 23 Agustus 2013

SULUK GUS DUR : SYI'IR TANPO WATON

Lirik Suluk Gus Dur


Untuk mengenang Almarhum Gus Dur alangkah baiknya kita meresapi pesan beliau kepada kita semua yang tertuang dalam suluknya.


SULUK GUS DUR

Astagfirulloh robbal barooya
Astaghfirulloh minal khothoo yaa
Robbi zidnii 'ilman naafi'aa
Wawaffiqnii 'amalan shoolihaa
Ya rosullalloh salamun 'alaikk
Ya rofi'assyaa niwad daaroji
'athfatay yaajii rotal 'alami
Yaa uhailaljuu diwal karomi 2*

Ngawiti.. ingsun.. nglaras syi'iran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan 2*
Duh bolo konco prio wanito
Ojo mung ngaji syare'at bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembeh mburine bakal sangsoro 2*

Akeh kang apal qur'an hadits'e
seneng ngafirke marang liyane
kafire dewe gak di...ga..tek..ke
yen e..seh  kotor.. ati akale 2*




Gampang kabujuk nafsu angkoroo
eng pepaese.. gebyare.. duunyoo..
iri lan meriii.. sugihe.. tonggoo..
muloo atinee peteng lan nistoo 2*

Ayoo sedulur jo nglalek akee
wajibe ngaji sak prana..ta..ne
nggo ngandelake iman tauhi..te
baguse sanguu mulyo..matine.. 2*
Kang aran sholeh bagus atinee..
kerono mapan sari ngilmuune..
laku toreqoot lan ma'rifate..
ugo.. haqeqoot.. manjing..rasane.. 2*

Al qur'an qodim.. wahyuu minulyo..
tanpo tinulis.. iso.. di.. wo.. co…
iku wejangan guru was.. ki..to…
den tan..cepake.. ing nje..ro dodo.. 2*
Kumantil ati.. lan.. pikiran..
mrasuk ing badan.. kabeh je.. ro.. an..
mukjizat rosul.. dadi pe..do..man..
minong..ko dalan.. manji..nge iman… 2*


Kelawan alloh kang moho.. su..ci..
kudu rangkulan.. rino.. lan.. wengi..
di tirakati.. di ri..ya..dlo..i..
dzi..kir lan su..luk.. jo ngan..ti lali 2*
Uripe.. ayem.. rumongso aman..
dununge roso.. tondo.. yen.. i..man..
sabar narimo.. najan pas..pa..san
kabeh tinakdir.. saking.. pengeran..2*

Kelawan konco.. dulur lan tonggo..
kang podo rukun.. ojo.. gae.. si..o…
iku sunahe.. rosul Kang mulyo..
nabi.. Muhammad.. panu..tan kito.. 2*
Ayo nglakoni.. sekabehane..
alloh kang bakal.. ngangkat.. dra..jad..e
senajan asorr.. toto dho..hi..re..
ana..nging mulyo.. maqom.. drajate..2*

Lamun palastro.. ing pungkasane..
ora kesasar roh, lan suk..ma..ne..
den gadang alloh.. suargo mang..go..ne..
utuh..mayite.. ugo.. ulese.. 2*
Ya rosullalloh salamun 'alaikk
Ya rofi'assyaa niwad daaroji
'athfatay yaajii rotal 'alami
Yaa uhailaljuu diwal karomi 2*http://allaboutcyber.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar